Sejarah Desa

30 April 2014 17:20:39 WIB

Dongengipun

Kyai Bantheng Wareng

Manut cariyosipun para pinisepuh, ingkang dados cikal bakal saha pepundhenipun warga masyarakat ing Wareng inggih menika Kyai Bantheng Wareng. Paraga ingkang dedeg piyadegipun alit nanging anggadhahi karosan kados dene bantheng.

Kyai Bantheng Wareng menika sejatosipun prajurit saking  Kraton Demak (Glagah Wangi), ingkang asmanipun sekawit Ki Suranggala. Panjenenganipun lan saweneh pandherekipun kadhawuhan supados nindakaken jejibahan si’ar agami Islam ing laladan pareden kidul.

Bumi cikal bakal ingkang dipun lenggahi dening Ki Suranggala dipun paringi tenger Glagah, ingkang  samangke dados cikal bakaling wewengkon Kalurahan Wareng. Tembung glagah menika saget ugi pinangka njumbuhaken kalian sesebatan Glagah Wangi tumrap Kraton Demak, nanging saged ugi kajumbuhaken kalian papan, awit saking kathahing suket glagah ingkang gesang wonten ing ngriku amargi celak kalian ilining lepen ingkang boten nate asat.

Namining Kalurahan Wareng kapendhet saha nunggak semi  saking sesebatan Kyai Bantheng Wareng.

Dina wigati tumrap adeging Kalurahan Wareng

Dina Setu Pon, tanggal 6 wulan  Bakda Mulud 1779 taun Jawi Alip, utawi Sabtu, tanggal  8 Pebruari tahun 1851 Masehi.